Saturday, 4 January 2014

Ramalan Jayabaya



  1. Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi
  2. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
  3. Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
  4. Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
  5. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
  6. Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
  7. Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
  8. Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
  9. Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
  10. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
  11. Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
  12. keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
  13. Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.
  14. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
  15. Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
  16. Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
  17. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
  18. Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
  19. Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.
  20. Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
  21. Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
  22. Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.
  23. Nantang bapa--- Menantang ayah.
  24. Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
  25. Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
  26. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
  27. Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
  28. Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil
  29. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
  30. Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil
  31. Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
  32. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
  33. Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
  34. Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
  35. Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
  36. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
  37. Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
  38. Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
  39. Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
  40. Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.
  41. Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
  42. Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
  43. Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.
  44. Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
  45. Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.
  46. Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
  47. Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.
  48. Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.
  49. Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
  50. Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
  51. Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
  52. Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
  53. Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
  54. Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
  55. Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
  56. Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
  57. Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
  58. Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
  59. Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
  60. Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.
  61. Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.
  62. Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
  63. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
  64. Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
  65. Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
  66. Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
  67. Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja.
  68. Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.
  69. Akeh laknat--- Banyak kutukan
  70. Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat.
  71. Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
  72. Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
  73. Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
  74. Guru disatru---Guru dimusuhi.
  75. Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
  76. Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
  77. Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
  78. Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
  79. Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.
  80. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
  81. Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
  82. Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
  83. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
  84. Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
  85. Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat.
  86. Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna.
  87. Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
  88. Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
  89. Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.
  90. Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
  91. Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
  92. Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam.
  93. Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.
  94. Akeh barang haram---Banyak barang haram.
  95. Akeh anak haram---Banyak anak haram.
  96. Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.
  97. Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
  98. Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.
  99. Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.
  100. Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
  101. Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
  102. Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
  103. Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.
  104. Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.
  105. Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
  106. Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.
  107. Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.
  108. Sing wedi mati---Yang takut mati.
  109. Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
  110. Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
  111. Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
  112. Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
  113. Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
  114. Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
  115. Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
  116. Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
  117. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
  118. Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
  119. Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
  120. Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
  121. Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
  122. Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
  123. Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
  124. Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
  125. Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
  126. Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
  127. Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
  128. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
  129. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
  130. Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
  131. Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
  132. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
  133. Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.
  134. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
  135. Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
  136. Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.
  137. Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.
  138. Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.
  139. Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.
  140. Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.
  141. Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.
  142. Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana
  143. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
  144. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
  145. Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
  146. Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
  147. Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.
  148. Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.
  149. Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung.
  150. Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan.
  151. Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.
  152. Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.
  153. Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
  154. Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki.
  155. Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan.
  156. Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.
  157. Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit
  158. Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau.
  159. Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang
  160. Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah.
  161. Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.
  162. Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi.
  163. Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci.
  164. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
  165. Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela.
  166. Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut.
  167. Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan.
  168. Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah.
  169. Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar.
  170. Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai.
  171. Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
  172. Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.
  173. Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.
  174. Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa.
  175. Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang.
  176. Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi.
  177. Agama ditantang---Agama ditantang.
  178. Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka.
  179. Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka.
  180. Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar.
  181. Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak.
  182. Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.
  183. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
  184. Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
  185. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
  186. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
  187. Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
  188. Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.
  189. Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela.
  190. Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima.
  191. Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.
  192. Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.
  193. Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga
  194. Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.
  195. Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.
  196. Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.
  197. Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur.
  198. Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.
  199. Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.
  200. Buruh mangluh---Buruh menangis.
  201. Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.
  202. Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi.
  203. Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat.
  204. Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.
  205. Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh.
  206. Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela.
  207. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
  208. Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.
  209. Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang.
  210. Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
  211. Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.
  212. Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
  213. Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu.
  214. Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.
  215. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.



0 comments:

Post a Comment

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com